Kamis, 26 Januari 2017

CONTOH TEMBANG MACAPAT SINOM DAN GAMBUH BUATAN SENDIRI

SERAT WEDHATAMA


Serat wedhatama inggih menika satunggaling jenis sastra Jawa enggal kang kagolong moralistis-didaktis. Diserat dening KGPAA Mangkunegara IV. Serat tegese tulisan/karya, wedha tegese ajaran, lan utama tegese kautamaan/utama. Wedhatama mujudake salah satunggaling "laku"spiritual. Puncak "laku" spiritual serat wedhatama inggih menika manunggaling kawula-Gusti.


TEMBANG MACAPAT

Tembang yaiku susastra/sastra, utawa anggitan/karangan kang kaiket dening guru lagu, guru wilangan, lan guru gatra. Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik/baris saben sapada/bait. Guru wilangan yaiku cacahing wanda/suku kata saben sagatra. Guru lagu yaiku tibaning swara ing saben pungkasane gatra. Tembang macapat ana 11 yaiku Sinom, Pocung, Gambuh, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Kinanthi, Megatruh, lan Dandhanggula.

1. Tembang Sinom
     Sinom iku kalebu tembang cilik kanggo nggambarake bocah sing isih nom utawa ngancik remaja. Tembang sinom sasmitane yaiku taruna, anom, weni, nom, srinata pamase, logondang, rema, pangrawit, lan mudha. watake yaiku grapyak, sabar, lan sumanak. Patokane yaiku guru gatra ana 9 gatra, guru wilangan lan guru lagu 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a.

Tuladha(buatan sendiri) :

Sapa wonge sing tumindak (8a)
Grusa-grusu nyilakani (8i)
Marang wong sapadha-padha (8a)
Bakal rugi tinangisi (8i)
Ngertiya tansah eling (7i)
Sayektine kudu nggugu (8u)
Piwulange agama (7a)
Tumindak ingkang prayogi (8i)
Pitutur kanggone tiyang para mudha. (12a)


2. Tembang Gambuh

     Tembang gambuh adhedasar wateke yaiku kulina lan rumaket, teges kang pungkasan luwih trep kanggo teges Gambuh. Gambuh iki biyasane digunakan kanggo mbingkai wacan kang isine pitutur tumrap kulawarga utawa pihak kang wis dikenal raket dening kang menehi pitutur saengga ora ana rasa sungkan. Tembang macapat Gambuh nduweni paugeran-paugeran yaiku cacahe gatra ana 5, dene paugeran guru lagu lan guru wilangan, yaiku 7u, 10u, 12i, 8u, lan 8o.

Tuladha(buatan sendiri) :

Ayo padha sinau (7u)
Yen kepengin entuk akeh ilmu (10u)
Ilmu iku penting anggone wong urip (12i)
Supaya uripe maju (8u)
Yen wis maju aja sombong (8o)


3. Tembang Pucung
   
 Tembang Pucung nggambarake uripe manungsa wiwit saka njero kadhutan ibu nganti tekan mati ngadep sing gawe urip. Tembung Pucung tegese layon, mayit, pocong. Tegese yen wis dadi mayit terus dibungkus kain utawa dipocong sadurunge dipendem. Watake tembang pucung kendho, greget. Tembang Pucung cacahing larik saben sakpupuh ana 4 gatra, gunggunge wanda(suku kata) saben sagatra lan tibaning swara 12u, 6a, 8i, 12a.


4. Tembang Maskumambang
     
     Tembang Maskumambang nduweni watak nalangsa karanta-ranta. Mathuke kanggo medharake rasa kang ngeres, nggreges, nalangsa karanta-ranta.


5. Tembang Megatruh
     
     Watake tembang Megatruh menika yaiku sedih lan nglokro. Mathuke kanggo medharake rasa getun karanta-ranta.

6. Tembang Mijil
    
     Tembang Mijil nduwe watak wedharing rasa. Mathuke yaiku kanggo crita isi pitutur.

7. Tembang Kinanthi

    Tembang Kinanthi nduweni watak seneng, asih, lan tresna. Mathuke yaiku kanggo crita isi pitutur.


8. Tembang Asmaradana

     Tembang Asmaradana Watake sengsem, sedih, lan prihatin. Mathuke yaiku kanggo crita kang isi nawung Asmara.


9. Tembang Durma

     Watake yaiku galak lan muntab. Mathuke yaiku kanggo medharake rasa ati nesu, ati seneng, lan crita perang.


10. Tembang Pangkur

       Tembang Pangkur nduweni watak kang grapyak lan renyah. Mathuke yaiku kanggo crita isi pitutur.


11. Tembang Dhandhanggula

       Tembang Dhandhanggula nduweni watak kang luwes lan resep. Mathuke yaiku kanggo apa wae mathuk.

Sabtu, 10 Desember 2016

PUISI TENTANG KESENDIRIAN PALING MENYEDIHKAN

PELITA DALAM KESUNYIAN JIWA


Lenyap hampa ku sadari
hancur dimakan sepi
sunyi yang selalu menghampiri
kesedihan merelung dalam diri
ku terdiam dalam kepedihan ini
aku bisu dalam keheningan ini
ku tak tau apa yang kurasakan saat ini

sunyi senyap kian tak ada nyawa
resah dan gundah selimuti hati dan jiwa
terasa sedih seakan tersayat egonya dunia
lelah melangkah jalani dunia berhias sandiwara
ketika seseorang datang membawa cinta

saat kau jadi malaikat putih bagiku
saat kau jadi penerang gelapnya hatiku
sejuta kasih kau tebarkan untukku
sejuta tawa kau hadirkan dalam tangisku
namun...kemanakah malaikat putih itu?

seakan sirna dalam sekejap mata
menghilang tanpa jejak
meninggalkan sisa kenangan
yang terkubur dalam kalbuku

ingin rasanya aku menjerit
tapi... apa dayanya aku
kini aku tlah sendiri
tinggalah aku di ujung cerita ini